LIRIK LAGU TIRU-TIRU..
Koncoku senengane ki tiru-tiru, Nek weruh opo-opo bae njaluk’e di tiru
Rak perduli wagu, rak perduli lucu, Rak perduli nek sing ndeloke do ngguyu
...Koncoku senengane ki tiru-tiru, Jare rak biso turu nek durung tiru-tiru
Pak mangan bek rak kolu, Pak ngentot bek rak metu
Pak opo-opo bae yo jarene rak nafsu
Koncoku ki seneng tiru-tiru, Nek weruh opo bae di tiru
Rak peduli nek dadine wagu, Yo sing penting wes klakon tiru-tiru
Koncoku ki pancen senengane ki tiru-tiru, Nek weruh opo-opo bae ki di tiru-tiru
Rak peduli nek wagu, rak peduli nek lucu, Rak peduli nek sing ndeloke do ngguyu
Koncoku ki pancen senengane ki tiru-tiru,
Nganti rak biso turu nek durung di tiru-tiru
pak mangan bek rak kolu , pak ngentot bek rak metu
pak opo-opo bae ki yo jare rak nafsu
Lha mbok ojo seneng tiru-tiru, Jane rak pantes nek tiru-tiru
Lha wong raine lucu tur wagu, Lha kok malah nekat tiru-tiru
Reff;
Rambute disemir kowe tiru-tiru, Irunge ditindik kowe tiru-tiru
Untune di kawat kowe tiru-tiru, Awak’e di tato kowe tiru-tiru
Klambine di suwek-suwek kowe tiru-tiru, Kaose di suwek-suwek kowe tiru-tiru
Jakete di suwek-suwek kowe tiru-tiru, Celonone di suwek-suwek kowe tiru-tiru.
LIRIK LAGU ANAK'E SOPO..
Sing sak benere aku ki anak’e sopo, anak’e wongtuo opo anak’e wong liyo
Nek jare konco aku anak’e wongtuo, alesane ki jare raiku podo wongtuo
Tapi sing tak rasake rasane koyo bedo, sing tak rasake aku koyo dudu sopo-sopo
...Nek ning omah ki rasane aku koyo wong liyo,
rak ono sing nyopo rak ono sing bagi cerito.
Yakin po’o sumpah babarblas aku rak nyongko
Nek ning njobo ki jebule aku di olo-olo
Ngomong karo konco-konco, ngomong karo tonggo-tonggo
Ngomonge ki yo jare aku ki olo
Olo ku ki opo jane olo ku ki opo, nek karo aku ki kok senengane ngolo-ngolo
Opo rak ono maneh liyone sing luwih olo, opo mung aku tok sing pantese di olo-olo
Nek pancen rak seneng ki lha mbok mbiyene ki aku di pateni po’o
Rak sah di tok ke ning ndonyo…
Aku pak takon karo sopo, pak takone aku ki sopo
Aku ki anak’e sopo, wongtuoku ne ki sopo
Nek pancen bener aku ki anak’e wongtuo, Kenopo aku kok di sio-sio
Nek dolan ning tonggo, nek ketemu konco, kenopo kok aku sing di olo-olo
Salahku ki opo jane salahku ki opo, nek karo aku kok ketoke koyo rak nrimo
Jare rak pak mbeda-bedake anak’e kabeh podo
Tapi nyatane kenopo aku kok digawe bedo.
LIRIK LAGU LUPIS KRAPYAK..
Ning krapyak jejere slamaran, saben syawal ramene pok-pok’an
Wong sing teko rombongan, do pasang-pasangan
Yo ono sing dewe’an.
...
Wong krapyak wonge ki kiyengan, gawe lopis gedine pok-pok’an
Saben setaon pisan, donge pas syawalan
Ning krapyak Kalongan.
Nganti suk-suk’an,sing ndelok di lampu uyel-uyelan
Do penasaran, pingin ndelok lopis sing gedine pok-pok’an
Gedine pok-pok’an 3x.
Ning krapyak Kalongan, ono lopis gedine pok-pok’an
Lopis e ki rak mung nggo pajangan, yo keno di pangan.
Setaon pisan, tradisine wong krapyak yo syawalan
Wonge rak sungkanan, do gawe lopis sing gedine pok-pok’an
Gedine pok-pok’an 3x.
LIRIK LAGU OTHONG BIN ATANG..
Koncoku ki jenenge otong, bapake ki jenenge atang
Mbiyene ki omahe bojong, saikine pindah ning panjang
Tapi nek tak mat-mat ke kok koyo grandong, Raine ki ketok sangar nek di sawang
...Saben dino senenge medeni wong-wong, Tapi kok sing wedi mung cah alang-alang.
Koncoku ki jenenge otong, bapake ki jenenge atang
Ngakune ki koyo Baim Wong, pacare ki jare sak gudang
Tapi kok raine koyo odong-odong, Nek tak sawang kok koyo dudu wong lanang
Senenge ki plenyak-plenyek koyo bencong
Koyo bencong sing senenge ngomong ennddaaaaaaaaannkkkkk……
Otong otong otong otong, atang atang
Otong otong otong senenge atang atang
Otong otong otong otong, atang atang
Otong bin atang
Lha wong bencong kok raine koyo odong-odong
( yo rak payu kang, yo rak payu ra kang)
Pancen dasare otong, yo ora duwe bokong
Akeh wong sing do ngomong otong mlakune ngegang
Lha wong bencong kok dandanane ki koyo grandong
(yo medeni ra kang)
Saben dinone otong, senenge ngompasi wong
Sing wedi karo otong, yo mung cah alang-alang
LIRIK LAGU BOCAH SD..
Jam 5 sore aku ning kene, ketemu karo koncoku sing omahe ning kene
Aku di kei nomer hp we’e koncone, sing jare paling ayu dewe sak kampung kene
Langsung tak sms bocahe, pingine ki cepet-cepet kenal bocahe
...Pingine ki ben cepet-cepet temu bocahe, pingine karepe akune ben biso metu karo bocahe
Saben dino aku saiki kulino, sms an karo bocahe yo mbuh sing sopo
Aku dewe durung tau weruh bocahe koyo opo, (jarene sich ayu) ,Lha iyo koyo sopo.
Sing biso ndadeke aku saiki tresno, sing ndadeke aku rak biso opo-opo
Mangan yo rak biso, turu yo rak biso, opo-opo kabeh aku ora biso.
Tak nekat-nekat ke aku dolan ning omahe,pingin cepet-cepet ketemu karo bocahe
Dong wes tekan omahe, sing nemoni simbahe, aku alesane konco sekolahe
Aku di kon mlebu ngenteni bocahe, di suguhi jajan karo wedang jahe
Gembar-gembor simbahe, ngundangake bocahe,
Lha kok sing metu jebule cilik bocahe.
Reff; Sing tak tresnani anake pak polisi, sing tembe wingi pindahan dek kesesi
Aku rak ngerti, nek kowe kuwi bocah SD kelas siji
Lha wong nyatane aku ne ki wes kadung tresno karo bocahe og (yo wes rak popo)
Cilik po’o mbesok gedine pok, cilik po’o mbesok’e ki ayu ne pok
Tapi sayange bapake, ibu’e, simbahe, pak dhe ne, tonggo ne nganti tekan RT ne
Rak setuju nek aku macari bocahe, jarene ki kok durung wayahe
Lha wong nyatane aku ne ki yo gelem ngenteni, nganti bocahe gedi yo tetep tak enteni
Tak pakani, tak jak hepi-hepi, mbesok nek wes gedi tak mangkatke kaji
Tapi sayange wongtuone, karo tonggo-tonggo ne,
Malah ngunek-uneke, aku ne ki jarene
Nggowo kampak, nggo negor. Lha wong wis kaplak ora ndolor.
LIRIK LAGU A.O (ADOL OBAT)..
Sugeng ndalu, kanggeh bapak-bapak lan ibu-ibu lan sintenki mawon
Ingkang wonten ing mriki
Nuwun sewu, kawulo mriki badhe silaturahmi
...Nepangaken kaleh panjenengan ing mriki
Kawulo saking Doro dugi mriki badhe nyuguguhaken
Obat kanggeh panjenengan sedoyo
Mugi-mugi panjenengan dipun paring kuwarasan ngunjuk obate pun kawulo
Monggo-monggo ingkang kerso monggo di kersa’aken dicobi riyen nggeh,
Monggo mboten nopo-nopo
Mumpung kawulo nipun tasih ten mriki
Mangkeh njang kawulo pun wonten ing Purwokerto
Obat-obate pun ingkang kawulo betho niki asli ramuane pun saking Madura
Inggeh sampun katah tiyang ingkang nyobi obate pun
Alhamdulillah sampun waras sedoyo
Monggo pak, monggo bu’ dicobi mawon
Mangkeh yen menawi cocok nggeh di tumbas mawon
Monggo pak, monggo bu’ dicobi mawon
Yen badhe tumbas nggeh kontan mboten saget di bon
Saestu, niki obat regi ne pun mirah sanget
Sinten ki mawon ingkang badhe tumbas nggeh saget
Saestu, niki obat khasiate pun sae sanget
Ngilangaken macem-macem penyakit nggeh saget
Wonten obat panu kanggeh ngilangaken panu
Wonten maleh obat kadas kanggeh ngilangaken kadas
Wonten obat gatel kanggeh ngilangaken gatel
Menawi obat mripat mboten saget ngilangaken mripat
Lha niki, ingkang niki obat saget ngilangaken mumet
Mripat byar pet byar pet irung mampet lan nguyuh cret
Caranepun gampil sanget panjenengan mung ngunjuk setunggal
Ngadep ngaler nguyuh langsung mak tuurrrrr
Wonten maleh niki ingkang niki obate pun
Inggeh saget ndadek’aken perut mboten mual
Caranepun ngunjuk’e pun esuk setunggal sorene nggeh setunggal
Menawi bedhuk nggeh ampun di untal
Monggo pak, monggo bu’ dicobi mawon
Mangkeh yen menawi cocok nggeh di tumbas mawon
Monggo pak, monggo bu’ dicobi mawon
Yen badhe tumbas nggeh kontan mboten saget di bon
LIRIK LAGU ENTHOET..
Ee,, jan kurang ajar tenan kowe ki
Wes ngerti akeh wong nang kene brat-brut brat-brut bae
Lha mbok yen kebelet ngentot ki minggir ndisek
...Mengko gampang nek wes rak mambu kowe rene neh
Opo mbiyen wong tuwo ne ki ngajarane koyo kuwi yo ( ora khan )
Mending yen mambune rasa duren sih rak popo
Wes mambune badhek, ora njaluk maap, eh malah cengar-cengir
Ee,, rungoke yo aku meh takon
Kowe gelem mbesok mati kuwi ne disogok
Kuwi ne di sogok nganggo geni ne neroko
Seng panase ngungkuli panase genine ndonyo
Mestine kowe rak bakal gelem khan iyo khan
Mestine sopo wae rak bakal gelem khan
Mangkane yen ngentot ki lha mbok yo sumingker
Ojo di tok ake nanggok wong seng podo grumungan
Owalah tembe thok di kandani kok wes ngentot maneh
Jane kowe budek opo ethok-ethok budek sih
Rak ngrungok ake wong seng ngandani nganti cangkeme ngumplok
Lha kok kowe malah nyepeleke wae
Aku sih rak nglarang kowe ngentot
Yen pancen pingin ngentot peng satos monggo kerso
Tapi lha mbok yo, kowe ngerti sitik lah
Ojo koyo kuwi lah, nang kolah wae lah, iyo lah
Rak sopan, ngerti rak
Ngentot nggo dolanan ki rak keno, ngerti rak
Ngentot akeh wong-wong ki ra ilok, ngerti rak
Entot kok di pamer ake
Ee,, kowe ngroso rak sih
Yen wong-wong nang kene ki podo rak seneng kowe
Podo rak seneng karo tingkah polahe kowe
Koyo wong seng rak tau disekolahke wae
Lha mbok ajar, ajar sopan sitik lah
Ojo seneng srudal-srudul koyo kuwi rak genah
Lha mbok jajal, biso-biso ke wae lah
Gawe wong-wong nang kene ben podho sumringah
Rak mung entot kok jebule seng mambune badhek
Mosok ababe kowe podo kok wae badheke
Jane kowe ki mangane opo sih, opo sih seng di pangan
Kok nganti koyo ngene ambune
Opo mergone yen ngentot saiki di empet co’e yo
Ndadek ake entote metune dek cangkem co’e yo
Opo mergone entote dewe di pangan co’e yo
Ndadek ake ababe kowe mambu badhek
LIRIK LAGU ETHOK-ETHOK'E..
Kowe ki jebule anake adike sedulure tonggone bapake koncoku
Seng omahe jare jejere omahe simbahe pacare kang mase
Koncone tonggone koncone ponakan ku
...Mbiyene ki jebule jarene wong kene kowe ki alime tur sopane sak pore dewe
Nyatane saikine tingkahe polahe sak karepe lan sak enake udele dewe
Ethok-ethok’e mlakune di megal-megol ke
Ethok-ethok’e tingkahe di lenjah-lenjeh ke
Ethok-ethok’e nganggone klambi di cilik ke
Ethok-ethok’e udele di ketok-ketok ke
Ethok-ethok’e.. Ethok-ethok’e
Ethok-ethok Ethok-ethok Ethok-ethok Ethok-ethok
Akale kowe ki jan ono bae, bener ditutupi lha kok malah di ketoke
Senengane nganggone rok seng ono bele’ane
Mburine lan ngarepe, nganti meh ketok katoke
Lha mbok yo rak sah di ketoke katoke seng rak ketok
Mbok ojo di ketok-ketok ke, senenge
Njago’e dig awe sak enake dewe
Ndadek ake wong-wong podho mliling nganti meh ucul matane
Ethok-ethok’e matane di kedap-kedip ke
Ethok-ethok’e meseme dimanis-manis ke
Ethok-ethok’e njago’e digawe-gawe
Ethok-ethok’e katoke di ketok-ketok ke
Ethok-ethok’e.. Ethok-ethok’e
Ethok-ethok Ethok-ethok Ethok-ethok Ethok-ethok
Jane karepe ben opo sih kowe koyo kuwi
Rak peto babar blas kowe ki yo
Opo ngertine kowe ki ben dadi anak gaul ki kudu
Seng koyo kuwi ngono, ( yo ora)
Seng jelas yo ora ono faedahe, malah biso ngrugi ke awake kowe dewe
Rak ono untunge opo maneh penake,
Biso-biso kowe ne seng malah ciloko dewe
Ethok-ethok’e matane di kedap-kedip ke
Ethok-ethok’e meseme dimanis-manis ke
Ethok-ethok’e njago’e digawe-gawe
Ethok-ethok’e katoke di ketok-ketok ke
Ethok-ethok’e.. Ethok-ethok’e
Ethok-ethok Ethok-ethok Ethok-ethok Ethok-ethok
Ethok-ethok’e mlakune di megal-megol ke
Ethok-ethok’e tingkahe di lenjah-lenjeh ke
Ethok-ethok’e nganggone klambi di cilik ke
Ethok-ethok’e udele di ketok-ketok ke
LIRIK LAGU ELINGO..
Hey konco-konco seng neng kene, seng neng kono
Mbok podho elingo karo seng kuoso
Mumpung durung keno cobo, urip durung sengsoro
...Tundak tumindake kito kudu biso ditoto
Urip neng ndonyo, ojo seneng luru goro-goro
Ojo sembrono karo wong seng wes tuwo
Ojo dadi wong olo gawe susahe konco
Ojo koyo setan seng jare senenge godo
Opo kowe gelem di leboke neroko
Di konconi setan seng nuggoni neroko
Opo kowe gelem neng kono ne di sikso
Awake di obong nganggo geni ne neroko
Sopo bae wonge rak rak gelem neng neroko
Jarene wedi karo geni ne neroko
Sopo bae wonge rak bakal gelem di sikso
Yo mugo-mugo seng di jaluk yo ojo
Elingo…seng elingo kito maring kuoso
Elingo…seng elingo kito maring kuoso
Yo seng arane menungso sedoyo
Ora cilik, ora enom, ora seng tuwo sedoyo
Kudune yo seng eling kuoso sedoyo
Opo-opo ki seng ngatur nggeh seng kuoso sedoyo
Lha mbok yo karo nglegake waktu nggo ndongo
Ojo rumongso awake rak duwe doso
Ojo rumongso uripe rak bakal sengsoro
Biso ciloko uripe biso ciloko
Mugo-mugo kito-kito sedoyo
di paringi kuwarasan lan keslametan neng ndonyo
Mugo-mugo kito-kito sedoyo
di paringi riski ingkang halal kanggeh urip neng ndonyo
Mugo-mugo kito-kito sedoyo
di paringi urip ingkag mulyo lan berkah ing ndonyo
Mugo-mugo kito-kito sedoyo
di paringi petunjuk jalan kanggeh mlebet ing suargo
Elingo…seng elingo kito maring kuoso
Elingo…seng elingo kito maring kuoso
LIRIK LAGU DODOL ODOL..
Bapake koncoku saiki dadi wong sukses,
Uripe wes beres, numpake marcedes
Mbiyene ki jare meh stress, Meh digowo neng RSJS
...
Ibu’e koncoku saiki dadi wong karir
Rambute di semir, rambute di kucir
Mbiyene ki jare meh kenter, Persis meh podo koyo mak lampir
Koncoku saiki ne uripe wes seneng
Wes rak mikir liyane, ayem garik anteng
Opo-opo wes nduwe kabeh garik meneng
Tapi karo koncone lha kok rak gelem bareng
Koncoku saiki ne kemliti
Mlaku-mlaku kudu njaluke numpak taksi
Rak eling mbiyene ki numpake pit jengki
Rak eling mbiyen krengosan nganti meh mati
Opo rak rumongso, mbiyene ki sengsoro, rak duwe opo-opo
Yo ngrepotke tonggo, yo ngrusuhi konco, yo dho nyusahke wong liyo
Opo rak rumongso, kowe saiki olo barang wes akeh bondo
Lha mbok ngoco, mbiyene ki kowe sopo, wong tuwo ne dodol opo
Bapake dodol odol, ibu’e dodol odol, bapake lan ibu’e dodol odol
Bapake dodol odol, ibu’e dodol odol, bapake lan ibu’e dodol odol
This site uses cookies and other technologies such as pixel tags and web beacons to enhance user experience,
analyze site traffic, and serve targeted advertisements. By continuing your visit on this site, you accept the
use of cookies. Learn more and manage settings
here.
Raprox / Comments